Jaman saiki akeh wong padha rumangsa garing atine, entek pengarep-arepe, rumangsa ora ana artine urip. Rasa kaya mangkono ndadekake atine dadi cupet, terus golek gampange wae. Kaya-kaya wis ora kurang anggone nenuwun lan usaha nanging durung ana asile. Kahanan kaya mangkono kuwi kanggone wong sing kreatif nuwuhake pemikiran alternatif, ana unen-unen 'dalam kondisi terjepit akan tumbuh kreativitas'. Wong sing kepepet kadangkala bisa nindakake pakaryan sing di luar kemampuane kayata nalika ndilalah ketemu macan bisa mlayu banter banget. Yen ditelisik kanthi temen saka ngendi tekane kemampuan kuwi mau, ora liya saka Gusti.
Manungsa kuwi nggendong lali, lali sakabehe. Lali marang sapada-pada, ya uga lali marang Gusti. Gusti sampun maringi urip, maringi rejeki sanajan sing diarani rejeki
kuwi relatif kanggo wong siji lan sijine beda, gumantung saka ngendi anggone nyawang, nanging rak jenenge tetep rejeki. Kanggone wong srakah mesti wae tansah kurang, sepira-pira rumangsa kurang banjur nuwuhake rasa meri marang liyane, ora gelem nampa apa kang dadi jatahe, ora nrima ing pandum. Atine wis diperbudak karo
hawa nepsune, yen ora ngene ora. Suwe-suwe banjur protes marang Gusti, wujud protes mau bisa awujud ora tau sembayang, lali karo sapada-pada lan bertindak semena-mena. Yen wis ngono kuwi donyane dadi peteng, sing disawang mung rupa ala, ora bisa nampa bab
liya saka jabane deweke.
Agama apa wae ing donya iki mulangake supaya manungsa nresnani sapada-pada, kabeh ciptaan mau uga saka Gusti, Gusti kang anyipta, mesti wae ciptaan mau duwe tugas jejibahane dewe-dewe. Manawa salah siji ciptaan mau ilang, donya bakal ora seimbang. Bocah SD wae bisa nerangake manawa wit-witan ditegor, gede-gedene hutan utawa wana dibabat, donya bakal nemahi prahara gede. Kuwi lagi masalah wit, durung masalah-masalah liyane sing membentuk ranti kehidupan. Manungsa pancen duwe sifat superior ing donya iki, kabeh kepingin dikuasai, direngkuh mlebu wetenge.Masalah weteng kuwi bisa ngalahake utek (otak). Wong ngelih kuwi ana rong perkoro, ngelih karana karepe dewe nglakoni pasa utowo ngelih karana kahanan ora ana tenan sing bisa dipangan. Kahanan nomer loro kuwi sing mbebayani. Jarene negarane dewe negara agraris nanging arep mangan wae susah. Kuwi durung masalh liyane, sebab uga ana wong nanti mati karana kakehan mangan, kakehan gizi.
Wong-wong duwuran kudune bisa mrantasi gawe kepiye carane ngentasake kahanan mangkono kuwi. Nanging aku dewe duwe rasa ragu manawa pemimpin saiki bisa mrantasi. Kaya-kaya sing dipikirake mung kepiye carane nglanggengake kuwasane, piye menangake partaine, piye gawe sugih keluargane dewe, wis lali apa kang dadi tugase. Apa kang diucapake beda karo kang ditindakake. Manawa konferensi pers mesti wae sing dibabar bab sing apik-apik, program sing apik-apik, lebar konferensi pers rampung ya uwis, lali sakabehe apa sig mau lebar diucapake. Mbokmenawa pancen wis kakehan masalah sing kudune dirampungi malah dadi stres dewe. Nanging pancen akeh pemimpin-pemimpin saiki pinter-pinter (nek ora pinter ora dadi pemimpin), terutama pinter anggone njanjeni rakyat bab urip sing kepenak, pendidikan lan kesehatan gratis, BBM murah, perumahan lan sandang pangan murah lan sapanunggalane. Kabeh mau sakjane wis pada ngerti kabeh, meh saben limang taun mesti di baleni, nanging anehe wong tetep wae percoyo lan nrima.
Bali marang bab awal tulisan iki, Manungsa wis lali utawa nglali. Manungsa, Jawa utamane duwe pangarep-arep tekane Ratu kang adil, kang wus diramal dening wong pinter jaman mbiyen. Kapan tekane? Ora ana sing ngerti. Wong banjur nggatuk-nggatukake kahanan jaman saiki karo tekane Ratu adil mau. Gunung Merapi njeblug banjur diotak-atik. Lumpur Lapindo dlewer, semono uga. Ramalan-ramalan mau pancen dadi pangarep-arep kapan tekane lan malah dadi hiburan. Pancen ora dipungkiri wong negeri iki seneng nggon masalah kaya ngono kuwi, anane manungsa super sakti sing bisa ngrampungi pepeteng.
Aku ya mung iso memuji lan nyenyuwun marang Gusti muga kita kabeh bisa slamet, ora ana prahara gede, sebab pancen wis rusak tenan donyane dewe iki.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar